Minggu, 25 November 2012

Tembung Saroja

Tembung saroja inggih menika tembung kalih ingkang sami utawi meh sami tegesipun dipunangge sareng.

Tuladha:
1. Gagah prakosa                                          6.Tangga teparo
2.Mukti wibawa                                             7.Sanak kadang
3.Edi peni                                                      8.Tepa slira
4.Tepa palupi                                                 9.Tumpang tindhih
5.Adi luhung                                                10.Malang megung

Jumat, 23 November 2012

Basa Ngoko

Manut undha usuk utawi unggah-ungguhipun,basa ngoko kaperang wonten warni 2(kalih) inggih menika ngoko lugu lan ngoko alus.

1. Ngoko Lugu

   a. Wujud::tembungipun sedaya ngoko,ater-ater saha panambang ugi ngoko.
   
   b. Ginanipun:
      
        -   Dipunangge dening tiyang sepuh dhateng tiyang enem
        -   Dipunangge dhateng tiyang ingkang sampun kulina
        -   Dipunangge lare alit ingkang dereng saged gineman
        -   Dipunangge tiyang ingkang nembe grenengan

   c.  Tuladha:
        -   Aku wingi sore dolan menyang omahe Basuki
        -   Bapak durung mulih saka Semarang

2. Ngoko Alus
    a.  Wujud :Wujud tembungipun ngoko kaliyan krama alus/krama inggil ater-ater saha panambang 
                     ingkang wonten ing tembung krama inggil tetep ngoko.

    b. Ginanipun:
         
        -  Kangge wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun sami,nanging kanthi raos ngurmati
        -  Kangge wicanten tiyang ingkang statusipun langgung inggil nanging sampun rumaket sanget
        -  Kangge wicanten kaliyan tiyang ingkang statusipun saperangan langkung inggil,nanging saperangan 
            malih langkung andhap
        -  Kangge ngraosi utawi ngginem tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil

    c. Tuladha : 

        1)   Bu tindake nitih apa?
        2)   Aku nggawa mobil yen kersa bareng wae.
        3)   "Yen ibu tindak,Tono ndherek." 
        4)   "Lha gene iki Nak Tanto,kagungan kersa apa?"
        5)    "Kepriye,garwa-putra rak ya padha sugeng ta?"
       6)    "Aku saka ruang guru.Pak Bambang durung rawuh.Ngendikane Pak Totok,garwane Pak  
               Bambang lagi gerah."
     

Kamis, 22 November 2012

Macam-macam tembung rangkep

a.Tembung rangkep dwilingga
    1.Dwilingga padha swara
       Diarani dwilingga padha swara amarga linggane diucapake ping pindho.
       Tuladha:buku-buku,meja-meja,kursi-kursi,lsp.
     2.Dwilingga salin swara
        Dwilingga kang swarane wis ganti/malih
        Tuladha:bola-bali,mloya-mlayu,mloka-mlaku,lsp.
     3.Dwilingga semu
        Dwilingga semu uga diarani dwilingga murni,amarga tembung-tembung mau ora ana linggane.
        Tuladha:orong-orong,kupu-kupu,angga-angga,lsp.

b.Tembung rangkep dwipurwa
    Tembung rangkep dwipurwa yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing ngarep dhewe.
     Tuladha:  luhur = lu-luhur = leluhur                            tamba=  ta-tamba = tetamba
                   jamu =  ja-jamu= jejamu                            tuku   =  tu-tuku    = tetuku


c.Tembung rangkep dwiwasana
   Tembung rangkep dwiwasana yaiku tembung kang dirangkep wanda/suku kata ana ing mburi dhewe.
    Tuladha:cekik=cekik-kik=cekikik                  cenges=cenges-nges=cengenges
                cengis=cengis-ngis=cengingis             cethet =cethet-thet   =cethethet